Lirik Lagu Kuncung


Lirik Lagu Kuncung
Artis : Didi Kempot

Cilikanku rambutku, dicukur kuncung
Katokku, soko karung gandum
Klambiku, warisane mbah kakung
Sarapanku sambel korek, sego jagung…

Kosokan watu ning kali, nyemplung ning kedhung, [byurr]
Jaman ndisik durung usum sabun,
Andhukku mung cukup, andhuk sarung
Dolananku montor cilik, soko lempung

[Bis holobis kuntul baris],
Rekasane saiki wis
[Bis holobis kuntul baris],
Gegere gek mbok ndang uwis

Reff :
Tanggal limolas padhang njingglang, mbulane bunder [serrr]
Aku dikudang sok yen gedhe dadi dokter, [sing ngudang simbok]
Tanggal limolas padhang njingglang, mbulane bunder [ser,ser]
Bareng wis gedhe aku disuntik bu dokter

[Ho no co ro ko, do to so wo lo]
[Iki cerito, jaman semono]
[Po do jo yo nyo, monggo bo to ngo]
[Iki cerito, soko wong tuwo]

Reff :
Kosokan watu ning kali, nyemplung ning kedhung, [byurr]
Jaman ndisik durung usum sabun
Andhukku mung cukup, andhuk sarung
Dolananku montor cilik, soko lempung

Tanggal limolas padhang njingglang, mbulane bunder [serrr]
Aku dikudang sok yen gedhe dadi dokter, [sing ngudang simbok]
Tanggal limolas padhang njingglang, mbulane bunder [ser,ser]
Bareng wis gedhe aku disuntik bu dokter

[Ho no co ro ko, do to so wo lo]
[Iki cerito, jaman semono]
[Po do jo yo nyo, monggo bo to ngo]
[Iki cerito, soko wong tuwo]
[Ho no co ro ko, do to so wo lo]
[Iki cerito, jaman semono]
[Po do jo yo nyo, monggo bo to ngo]
[Iki cerito, soko wong tuwo]


Related Posts

Subscribe Our Newsletter